Ana
ing sawijining kerajaan kang aran Banyu
Niru, kasebut wong kang gagah perkasa ngungkuli Gatot Kaca Mata, yaiku aran
Mandananu.
Dheweke
due kakang kang aran Arya Due Tangga
kang biasa dijuluki Sutrisna.
Embuh
kepiye disit-disite julukan kue dadi sah.
Ceritane,
sawijining dina Mandananu lagi berburu nang hutan Karangan. Dheweke nemukake kewan angsa putih
sing rupane bagus banget.
Mandananu
mikir eman-eman yen arep mateni angsa kue.
Nah... jajal, apa sing arep di lakokake mandananu
karo angsa putih???
Yuh...
deleng bareng-bareng nang TKP...
Mandananu
: ih... masa allah... angsa koh ayunehh...! anu meh sapa yah?
Jan, arep di
mangsa koh ya eman-eman...
Loh, tapi deneng
ana dom cantele mbireng kaya kie? Maksude apa?
Hahaaa... kebeneran kie, benikku ilang siji, kena go ngganteni
lah.
Dumadakan....
angsa putih maumalik dadi wong wadon sing rupane ayune ora poll.
Mandananu
: busyeettt.... sapa koe? Deneng
ijig-ijig anu...???
Marirapih : aaa..... alhamdulillah ya gusti....
Ealah kang...
kesuwun banget yaaa...
Akhire, nyong
dadi menungsa maning...
Kesuwun wis
nyopotna dom cantel kutukan kue...
Mandananu
: apaaa...?? dom cantel kutukan....?? hih... ora sida tek enggo.
Anu maksude
kepriwe koh? Sampean tes di kutuk apa?
Marirapih :
seh genah iya koh kang.wis 17 tahun nyong dikutuk dadi angsa.
Enggane ya,
ulang taune nyong wis ping 17 ora dirayakena. Melasi banget mbokk??
Mandananu
: klamite... sempet-sempete agi dikutuk mikirna ulang taun....
O iya,
jenenganmu sapa koh?
Marirapih : ehemm.... jenenganku kie ya sing apik
dhewek se jagat dewa batara. Marirapih.
Lah jenenganmu
sih sapa kang?
Mandananu
: aja maning jenenganku, apik dhewek nek dhewekan. Mandananu.
Marirapih : mandan apa?
Mandananu
: mandananu...
Marirapih : nah iya mandan apa?
Mandananu
: genah mandananu koh...
Marirapih : kepriwe janeh... ditakoni bener-bener...
Mandananu
: ihh... bocah,,, maksude ya, jenenganku
kue Mandananu. Masa urung genah?
Marirapih : ooaalaahhh kang...kang.... ya siki wis
genah.
Heheee...
maklum, tembe tumon jenengan kaya kie.
Mandananu
: wah,,, wareg ya ngomong karo sampean.
Marirapih :biasa bae mbok....
Mandananu
: gieh, sampean kie wong endi asline? Ya
mbok sinawane nyong bisa mbantu
Njujugena
bali...
Marirapih :
wahh... sumpret apa??? Yakinlah kang, sampean
jan wong sing eman banget .
Nyong kie
sebenere putrine kanjeng Pitmini, kerajaan Mangunancur. Sampean wani apa
njujugna nyong balik menganah?
Mandananu
: oaalaahhh.... jebule putrine kanjeng Pitmini toh...
Lah ya jelas
wani lah, wong nyong be tau dadi ketua prajurit nang kerajaanmu mbien.
Marirapih : iaalaahh, pancen dunya kie ambane ora
kaya godhong kelor ya? Yuh kie, wis
Arep peteng.
Bali siki lah.
Tumibane ing
kerajaan Mangunancur, Mandananu sowan ngaterake Marirapih maring kanjeng
Pitmini. Nanging, sakdurunge kanjeng Pitmini durung
ngerti yen wong wadon ana ing sandinge Mandananu kui putrine.
Mandananu
: Assalamu’alaikum kanjeng
K.
Pitmini : wa’alaikumsalam Mandananu, wah... lawase ora silaturrahmi
ngeneh sampean.
Kan ngendi bae
kie ceritane?
Mandananu
: hehee... nggih pangapuranipun kanjeng, kulo seg sami sibuk niki. hehee
K.
Patmini : oh iya iya, lah kie sapa man?
Oh... koe arep njaluk donga restu apa? Iya iya,
Tenang bae,
kapan arep mbaranggawe? Nanggap wayange dhalang kenthus bae ya?
Mandananu
: anu kanjeng,,,, sabar riyin.. kulo badhe matur riyin niki nggih...
Dados, kawulo
mriki sepindah badhe silaturrahmi. Kaping kalihipun ngateraken putrinipun
kanjeng nggih punika Marirapih kangsampun 17 taun ical.
nikilah kanjeng,
putrinipun panjenengan....
K.
Pitmini : haaahhh.... appaahhh...???
putrine nyong? Marirapih...
koe anakku...?
temenan kie? Owh... oww....
Marirapih : inggih biyung... kulo Marirapih. Kang
mandananu kang sampun nulungi kulo dados
menungso malih. kulo kangen sanget kalian biyung....
K.
Pitmini : ooo... anakku... biyung
apamaning, kangene ora poll karo kowe nduk....
Uwis aja
pecicilan maning ya, ngko mbok dikutuk maning lah.,
Marirapih : inggih biyung,,, kulo badhe manut kalian
biyung,,
K. Pitmini : Mandananu, maturnuwun banget ya... yakin
ora nglembo kie gulih maturnuwun
Mandananu : biasa mawon
kanjeng.... mbok sampun sering lah, heheehe....
K. Pitmini : o iya, tunggalmu mesti seneng banget nek
krungu kabar kie. Ngko tek celuke
Ya...,
Balsemi..... balsemiii....!!! kie tak kandani nduk...
Balsemi : wonten nopo yung...? eeealaahhh... Kang Mandananu,,, masya
allah... jan
Tambah
anu bae koh... hehehe...
Loh sapa
koe, deneng karo kang mandananu? Leh njagong kue diaturlah. Ora usah
perek-perek.
K. Pitmini : husshhh.... sopan lah ya... kie tek
tidoki. Cah ayu kie tunggalmu sing mbien
Ilang
wis 17 taun.
Balsemi : nopoh...? Maarirapihhh...??? kulomboten
percaya biyung. Niki mesti goroh.
Aja
macem-macem koe bocah... lah terus, nangapa mengeneh karo kang mandananu?
Marirapih : nyong ora nglemboni mbokayu Balsemi.
Nyong pancen Marirapih. Nek ora
Percaya
kie tanda lairku nang lengen. Nang jagat kie mung nyong tok sing due tanda lair
kaya kie.
Mandananu : apa sing di kandakena
Marirapih kue bener balsemi, pas nyong agi berburu
Nang hutan
karangan, nyong weruh angsa putih sing ayu banget. Mbasa tek pereki ana dom
cantele. Terus tek jiot domme, malah malik dadi Marirapih kie.
Balsemi : dadiii... dadi... kangmandananu sing wis nulungi
Marirapih??? Ooww... :’(
K. Pitmini : sing mandan kewes ya salaman apa
rangkulan disit lah klamite... tunggal koh...
Mandananu : nah... tugasipun kulo
sampun rampung niki kanjeng. Sampun dalu niki, dados badhe pamit.
Marirapih : ehm.... kang... sedela ngeneh...
Mandananu : iya, ana apa yah mar?
Marirapih : hehee... sepisan maning matur kesuwun
banget ya...
Mandananu : ya arep ping akeh
maning be ora papa koh... hehee
Marirapih : anu kang, njaluk nomer hapene lah. Mbok
engko ana perlu kan mung gari SMS.
Mandananu : oh iya bener. Tapi
aja di tidokna sapa-sapa ya, kie mung koe karo nyong tok
Sing
ngerti. Okkee...!
Marirapih : okkeh kang... siippp, tulis nang kene bae
ya.
Mandananu : lah nomermu sih ndi
mar?
Marirapih : kangmandananu maninga... nyong ya urung
tuku HP lah. Gampang ngesuk
Sampean
tek SMS.
Mandananu : oh iya yah...
hehee... ya wis. Nyong bali ya, dadaaahhh.... assalam’alaikum...
Marirapih : iya kang, wa’alaikumsalam.... ati-ati
ya... dadaaah...
Ing
kerajaan Banyu Niru
Mandananu : kangmas... nang ndi
rika?
Sutrisna : ooii, kie nang ngisormu. Deneng mbene balik koe?
Mandananu : nyong kan Mangunancur
kang.
Sutrisna : hah... ngapa koe nganah-nganah???
Mandananu : dadi ceritane kaya
kie kang...
Sakwise
di ceritakake kadadeane dening Mandananu, Aryo due Tangga alias Sutrisna banjur
penasaran. Kepengin ngerti putrine pit mini sing jerene ayu banget kue.
Dheweke
arep teka maring Mangunancur kanthi alasan arep utang beras.
Mandananu : kangmas.... wis awan
kie, tangi... yuh jere arep mancing paus.
Sutrisna : duhh... dimas, nyong agi mandan lara untu kie. Koe mancing
dewek bae ya...
Mandananu : uualaahhh.... mulane
aja mangan ati bae... ya wis di mari-mari ya kang...
Sutrisna : ya... yaaa... nganah, ati-ati dimas...
Mbasa
mandananu wis lunga, Aryo due tangga menyat. Banjur dandan arep aring kerajaan
Mangunancur.
Ing
kerajaan Mangunancur
Sutrisna : sugeng enjing kanjeng Pitmini....
K. Pitmini : enjing sugeng Arya due Tangga sutrisna,,,,
sue ora ngeneh, kepie kabare lek?
Sutrisna : sae sanget kanjeng,
alhamdulillah... lah mangunancur pripun kabaripun kanjeng?
K. Pitmini : ya kaya kie lah, terus-terusan ancure di
wangun.
Sutrisna : kados niki kanjeng, rawuhipunkulomrikiwonten
perlu kang penting sanget.
K. Pitmini : perlu apa sutrisna? Apa sing bisa tek
bantu? Ngomong bae...
Sutrisna : anu kanjeng... kulo
badhe utang beras.
K. Pitmini : iyalah klamite... apa kerajaanmu ora panen
aryo?
Sutrisna : sanes kados niku maksudipun
kanjeng. ngaten, kerajaane kuloseg nampi
Musibah
kemalingan beras totalipun sewidak rolas ton.
K. Pitmini : innalillahiii... malinge rosa temenn... ya
ya, koe butuh pira berase?
Sutrisna : mboten kathah kanjeng, namung
2 kilo tok ngge kondangan teng daleme RT’ne.
K. Pitmini : ualahh klamite... ujarku sepira. Ya ngko
tek wei bae. Ora usah di saurutang.
Balsemiii....
balsemii... gawe wedang 2 nduk....
Balsemi : ealah... kang due tangga toh, deneng ora karo kang mandananu
kang?
Sutrisna : mandananu lagi mancing
bal, dadi ora melu.
Balsemi : yahh... kangen jee...
Sutrisna : o nggih, kanjeng... ture mandananu, putrinipun penjenengan si
Marirapih sampun wangsul nggih?
K. Pitmini : iya sut, owalaahhh... mbok nyong seneng
banget. Berkat Mandananu loh...
Sutrisna : lahn saniki teng pundi kanjeng?
K. Pitmini : nang ndi ya nduk?
Balsemi : biasa biyung, seg lenjehan teng taman ngajeng. Mboten nate
mirsani taman sih...
K. Pitmini : oya, jukutna beras 2 kilo nganah kie go Due Tangga.
Balsemi : hahhh...? beras...? lah deneng...
K. Pitmini : uis aja protes... jukutna bae...
Sakwise
dijupukna beras, Aryo Due Tangga balik liwat taman ngarep. Sengaja ben bisa
weruh Marirapih.
Sutrisna : ehemm... sampean sing jenenge Marirapih ya?
Marirapih : iya... bener. Lah sampean sapa?
Sutrisna : Aryo due Tangga. Panggilane Sutrisna.
Marirapih : oh, terus...?
Sutrisna : pancen bener ya, omongane adikku. Sampean kie ayu pisan...
Marirapih : adimu...? sapa sih?
Sutrisna : adikku, Mandananu
Marirapih : kang mandananu...??? wahhh ngomong nyong
ayu....?? eealaaahh... senengeeh...
Siki nang ndi
yah? Aku kepengin ketemu koh, kangen banget...
Sutrisna : biasa baaee mbook... kieh tek tidoki ya,
tunggalmu kae si Balsemi kue wis
Seneng
disit aring Mandananu. Mulanee.. mending kari nyong bae sii...
Marirapih : eaalaaah.... masaa mbokayu Balsemi seneng
aring Kang Mandanu? Eh tapi kan, kang mandananu ora seneng mbok?
Sutrisna : seh... tapi kan, kae bocah loro anu wis
sering dolan bareng kit cilik. Ya kewes...
Marirapih : lah... tapi kan urung dadi calone ye,,,
wingi be telfon nyong koh...
Sutrisna : apa koe ora rikuh karo Balsemi lah?
Marirapih : rikuh sih nangapa? Wong dosa be ora koh...
Hih,,,,
aku kepengin ngerti kerajaan Banyu Niru luh,, sampean arep bali mbok?
Nyong
melu ulih?
Sutrisna
: ouhhh... ya ulih banget lah, yuh
melu....
Saktekane
nang Banyu Niru, Mandananu wis agi leyeh-leyeh keselen tes mancing. Mandananu
kaget setengah urip weruh kang mase mlaku bareng karo wong sing di tresnani.
Marirapih : kang mandananu....???
Mandananu :
Rapiiihh...?
Marirapih : kang, aku kangeeen...
Mandananu : pada
bae rapih,, nyong be kangen banget karo sampean...
Tapi
deneng sampean jalan-jalan karo kang mas due Tangga...
Marirapih : owh... tenang bae kang, nyong mung njaluk
dijujugna tok. Anu miki kebeneran
Kang due
tangga kan kana. Dadi balike nyong melu...
Sutrisna : ehm... dimas, miki koe ditakokna nang
balsemi. Jere kangen kae...
Mandananu : lah
kue si wis biasaaa... ora pikir lah
Marirapih : yeesss... kue mbok kang, kang mandananu
kue ora seneng aring Balsemi...
Sutrisna : lah ya ngonoh lah... karepe, balsemi go
nyong bae ya kena lah.
Mandananu :
nnaaahh,.... ssetujuuu bangeet yakin kangmas... cocok kue, yesss
Marirapih : iya bener kang, mending rika sing karo
balsemi. Kan kakange karo yayune, lah
Adine ya
karo adine lah yaaa... heehee...
Sutrisna : asal adiku bombong ya nyong bombong
lah...
Mandananu :
kapan kie arep lamaran bareng menganah?
Marirapih : apaaahh?? Lamaran...? cepet temen kang? Ih
tapi ora papa dink... heheee
Sutrisna : telpun aring biyung lurah disit kon
makili rama biyunge dewek dimas.
Mandananu : ooo,
iya... iya... siipp kangmas.
Marirapih : ya wis kang, kang mandanu jujugna nyong
bali disit ya... wis arep peteng jee....
Mandananu :
okeeh diajeng... yuh capcuss....
Ora let sue,
biyung lurah teka aring istana Banyu Niru. Daulat maring undangane Aryo Due
Tangga lan Mandananu kanggo seserah lamaran maring istana Mangunancur.
B. Lurah : assalamualaikum lek....
Sutrisna : waalaikumsalam biyung lurah..., sampun di
tunggu niki... ngaten biyung lurah.
B. Lurah : kepriwe lek, anu ana apa dneng telpun
biyung kon ngeneh.?
Sutrisna : niki kulo kalian dimas mandananu badhe
nyuwun tulung dateng biyung lurah.
Biyung
lurah kan mpun ngertos rama biyungipunkulosegliburanteng luar negeri. Dadoskulo
badhe nyuwun biyung lurah ken makilaken atur lamaran dateng putri putri balsemi
kangge kulo, lan putri marirapih kangge dimas.
B. Lurah : oaaalaah lek... ya bener,, bener...
sampean cah loro pancen wis wayahe due
Cekelan.
Ya jelas tek bantu,, tenang bae.. kapan mangkate? Siki apa? Yuh...
Mandananu :
yuh...
Sutrisna : hussh... ngawur koe dimas, cepet temen...
Mandananu : ora
masalah lah kangmas, nunggu apa maning sih...
B. Lurah : iya bener lek, jerene wong jawa kue...
lewih cepet lewih... aapiiikk...
Mandananu : kue
mbok kang, wong jawa kue pinter-pinter...
B. Lurah : dari pada ngko direbut wong lia kepriwe
heyuh...?
Sutrisna : hm... ya wis lah... nyong manut bae.
B. Lurah : assiiikk.... yuh mangkat
Ing
kerajaan Mangunancur
B. Lurah : Assalamu’alaikum yaaa ahli istana...
K. Pitmini : Wa’alaikumsalam yaa tamuuu...
Eeeee...
jeng lurah, monggo pinarak mriki... kalian cah gagah toh...
B. Lurah : inggih niki kanjeng, badhe kepareng matur
K. Pitmini : kepripun jeng, wonten nopo...?
B. Lurah : tapi sederenge, marirapih kalian balsemi
ken mriki riyin nggeh kanjeng...
K. Pitmini : ooo... nggih saged, Balsemiiii....!!
Marirapih.....!!! ngeneh nduk... ana tamu...
Marirapih : eee... Kang Mandananu..., haiii
Mandananu :
haii... rapih...
Sutrisna : haiii Balsemi....
Balsemi : hem...
K. Pitmini : nah... saniki sampun kempal toh? Monggo jeng
badhe matur napa?
B. Lurah : ehem... bismillah... dados bidhalipun kulo
teng mriki, sepindah badhe
Silaturrahmi
kalian kanjeng sak pamongipun. Kaping kalihipun, kulo punikaa makili romo lan
biyungipun Kang mas Aryo due tangga lan dimas mandananu kangge nglamaraken
putrinipun panjenengan inggih punika putri Balsemi lan putri marirapih. Dados,
aryo due tangga badhe nglamar putri balsemi, lan dimas mandananu badhe nglamar
putri marirapih.
K. Pitmini : oaalaaah... alhamdulilah jeng,
silaturrahminipun panjenengan niku kulo aturi
Maturnuwun
sanget. Lan kangge lajengipun, babagan lamaran, kula serahaken mawon teng putri
kulo. Sebab, kulo putri kulo kang badhe mlampaih masa depanipun toh...?
Marirapih : kulo purun biyung,,, mboten masalah.. hehee
Mandananu :
ooo... marirapih,,, jawabanmu kayata es batu...
Marirapih : lha kok, es batu kang?
Mandananu :
sebab sampean wis nganyesna atiku...
Marirapih : heheee.... kang mandananu bisa baaeee lah....
Marirapih : heheee.... kang mandananu bisa baaeee lah....
K. Pitmini : alhamdulillah... lah kowe keprie nduk
balsemi?
Balsemi : kulo... anu,,, pripun nggih biyung?
Sutrisna : intrupsi kanjeng.... sak umpami putri
balsemi mboten purun, kulo nggih mboten
Nopo-nopo...
sing penting rayi kulo sampun kalian putri marirapih...
Balsemi : lho, sinten sing mboten purun biyung?
Kulo purun kok, dilamar kang due tangga
B. Lurah : alhamdulillah.... kanjeng, sedoyo
pangrenteg sampun kajibah. Mugiyo sang
Hyang
widhi maringaken berkahipun dumateng kito sedoyo.
Pamiarso,
menika wau kisah Nutur Ketualaran ingkang saged kawula sakkanca bektokaken
dumateng pamiarso sedoyo.
Bilih
anggenipun kathah kalepatanipun, kawulo sak konco nyuwun dipun pangapuro.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar